oleh

Belajar Kebijaksanaan Samin dari Dukuh Jasem Desa Jepangrejo Blora

BLORA, KAPERNEWS.COM – Sedulur Sikep –yang biasanya orang salah kaprah menyebutnya dengan sebutan ‘Wong Samin’ saat ini ramai diperbincangkan, namun sayangnya sampai saat ini sebagian besar masyarakat di Blora dan sekitarnya masih banyak belum begitu paham akan laku dan ajarannya.

Padahal jika kita mau sedikit belajar tentang sejarah, gerakan Saminisme merupakan gerakan sosial tertua di Asia Tenggara, yang oleh banyak sejarawan sering disebut sebagai gerakan proto-nasionalisme. Gerakan ini berkembang akibat semakin ditancapkannya cengkeraman kekuasaan pemerintah kolonial Belanda pada akhir abad-19, jadi jauh sebelum gerakan Sumpah Pemuda tahun 1928 dan Revolusi Kemerdekaan 1945. Kearifan lokal inilah bentuk nyata perjuangan rakyat melawan kesewenang-wenangan penjajah yang telah menindas, merusak, merampok dan menghisap bumi Jawa – Nusantara.

Berikut ini petikan wawancara dalam bahasa Jawa, yang dilakukan oleh Eko Arifianto dengan sesepuh Dukuh Jasem, Desa Jepangrejo, Kecamatan Blora Kota, Kabupaten Blora, Provinsi Jawa Tengah dengan Supardji (65), kurang lebih sebelas tahun yang lalu di pematang sawah belakang rumahnya tentang keberadaan Sedulur Samin Sikep dan ajaran-ajarannya. Semoga bermanfaat bagi diri pribadi, keluarga, sesama, bangsa Indonesia di tengah situasi dan tahun politik 2019 ini. Selamat menikmati..

Saged ditepungke sinten pengarane njenengan, Pak?

“Nami kula Supardji. Asal usul saking Jasem, Jepangrejo, Kecamatan Blora, Kabupaten Blora.”

Napa penggaotanipun?

“Tani. Petani.”

“Trus sakmangke.. Bahan wawancara ingkang badhe panjenengan pundut pirsa wau mangga, jenengan tangklet napa, kula sing njawab –sak gaduk e nalar kula sak mampune pikiran kula.”

Nek njenengan wonten penggalih lan wekdal ingkang lodhang kula badhe nyuwun diparingi ngertos ngenani pangertosanipun sedulur-sedulur Sikep lan tata caranipun.

“Nggih maturnuwun sanget bilih nak mas Eko Arifianto Tri Wicaksono nganggep kula niku sebagai wong tuwa sing ngerti utawa rada ngerti masalah niku. Kula maturnuwun sanget.”

“Lha nika masalah Sikep punika janipun mboten awon. Soale Sikep niki, wonten sing ngarani Samin, wonten sing ngarani Sikep, niku sami mawon. Nek Sikep niku Sikep-rabi. Sikep-rabi niku wong lanang kudu nduwe bojo. Lha nek Samin niku maksude sami-sami; manungsa niku padha, mboten wonten bedane.”

“Soale sedulur Samin ngarani manungsa padha niku, jalaran kula njenengan anak-putu Adam. Dadi mboten wonten bedane. Kula anak Adam, jenengan nggih anak Adam. Lha, sederek Samin ingkang umumipun masyarakat ingkang dereng ngertos masalah isinipun-atinipun tiyang Samin utawa tiyang Sikep niku mestani awon punika klentu. Jalaran Samin punika sampun didarani sami-sami. Piyambake sampun ngakoni Samin. Pramila saking punika tiyang Samin niku kepanggih sinten kemawon diaku dulur. Soale anak-anak Adam kabeh. Masa ana wong ora anak Adam?—mboten nganti. Soale pertama urip ning ndonya niki Adam kalih Hawa. Trus anak-anak ngredha ngantos sak donya bek niki.”

Mungguhe njenengan, kinten-kinten sinten sing ngrintis ajaran punika?

“Lha nek perkara Samin, masalah isinipun Samin punika, ingkang ngrintis pertama Samin kalawau, pertama punika Kanjeng Sunan Syekh Siti Jenar –punika kenging dipun wastani benggoling wong Samin, jalaran Siti Jenar kalawau ilmu ingkang dipun embat, ingkang dipun perdi punika namung ilmu Makrifat.”

“Dados ilmu ingkang dipun tinggal dening Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah SAW punika sekawan: ingkang ngandap piyambak Syare’at, nomer kalih Tarekat, nomer tiga Hakekat, nomer sekawan Makrifat. Lha panjenenganipun Kanjeng Sunan Siti Jenar kalawau ingkang dipun perdi ingkang dipun embat namung Makrifat sarasan, jalaran kiyambake ngrumaosi bilih sedaya kalawau mboten wonten paedahe, mboten saged hablumminallah. Hubungan antarane manungsa kalih Gusti Allah niku sing kenek dienggo hubungan niku namung ilmu Makrifat. Lha, sak bakdane Kanjeng Siti Jenar kapundhut, punika kagungan anak-murid, lha punika sedaya sami niru babagan Makrifat kalawau. Pramila saking punika sederek Sikep sakmangke punika nek ditangkleti babagan ilmu Syare’at mboten ngertos, soale ingkang dipun embat wonten ing manahe panjenengan sederek Sikep kalawau namung Makrifat sarasan.”

Pripun budi pakertinipun tiyang Sikep?

“Lha, perkara perbuatan, kelakuan, budi pakertine tiyang Sikep kalawau, pramila wonten sesebatan Gusti. Gusti punika kanggene tiyang Sikep punika maksudipun “Baguse Ati”. Mbagusi atine dewe sing tumuju marang ngabekti marang ingkang Gusti Maha Agung –Gusti Allah wau lan mbagusi marang makhluk sing tumitah wonten ing mercapada punika. Nggih mboten manungsa thok niki; dadi kabeh mahluk sing ting mercapada niki dibagusi kalih sederek Sikep kalawau. Niki pertama ingkang dados baguse ati. Lha nek sederek Sikep punika atine wis bagus, perbuatane sedaya bagus. Pangucape bagus, perbuatane, tingkah lakune, budi pekertine nggih bagus. Niki sederek Sikep. Punika isinipun sederek Sikep kalawau.”

“Pramila mbok menawi wonten sederek-sederek sak sanesipun tiyang Sikep –duka tiyang Katolik, duka tiyang Kristen, duka tiyang Muslim, mestani nek sederek Sikep punika, napa klintu, napa awon, napa sesat, punika klentu. Soale dereng ngertos isine batine. Nek sampun ngertos kira-kira mboten. Tur malih padha umume nek wong umum niku mboten ngertos ngelmu Makrifat punika mboten ngertos. Makrifat niku napa mboten ngertos. Soale mboten gaduk –mboten gaduk atine. Sing dingertosi pada umume nek jenenge wong muslim niki sing rata-rata namung Syare’at. Syare’at niki lak kangge nata –nggih nata kumawula ting Gusti, ning dereng saged hubungan langsung kalih Gusti. Dereng hablumminallah, nembe hablumminannas –hubungan kalih manungsa. Padahal manungsa urip ting alam donya niki mboten badhe langgeng. Kira-kira mati. Lha nek mati niku ana teruse. Teruse kudune isa hubungan karo Gusti Allah. Ngoten. Lha sakniki urip nek mung hubungane karo manungsa thok, boro dienggo golek banda donya ditumpuk, trus mangka matine mboten ngertos margi ne –ora isa hubungan karo Gusti Allahe, nggih muspra, mubadir. Nek cara Arabe mubadzir; mubadzir niku muspra ora ana paedahe.”

Napa njenengan tiyang Sikep?

“Niki sangking isinipun sederek Sikep. Nanging kula kiyambak niki dereng kenging diwastani wong Sikep. Soale kula dewe niku mpun ngakoni nek awak kula niki iseh reged, dereng saged suci kados tiyang Sikep kalawau. Dados manah kula niku, kula rumangsa nek iseh reged ngoten lho maksude. Benten kalih tiyang Sikep. Tiyang Sikep sing sampun khosh, benten malih, bandha niku ora ana artine kanggene tiyang Sikep sing niki. Namung sebatas pepaes donya. Dadi kira-kira niku nek sampun kapundhut kalih Gusti, bandhane ditinggal kabeh. Napa malih bandha, bojo ayu ditinggal, bandha numpuk ditinggal.”

“Mulane cocok kalih bahasa Indonesia sing dicantumno teng Bahasa Indonesia sakmangke: “meninggal dunia.” Dados mboten wonten tiyang sugih mati “meninggal rumah gedung” niku mboten wonten; wong mlarat uripe ning ngisor treteg, mati nggih “meninggal dunia”, padha mawon, ngoten: meninggal dunia; sama saja dengan orang yang kaya. Sami mawon kalih tiyang ingkang sugih-sugih kalawau. Duka sugihe niku bandha numpuk napa sugihe ting derajat. Derajat upamane Bupati, Presiden, napa Gubernur, matine nggih “meninggal dunia”, podho mawon, mboten mati “meninggal jabatan Presiden” rak mboten.”

“Lha niki khakekate urip sing dipun agem dipun cepengi sederek Sikep ngaten kalawau.”

Pripun ajaranipun tiyang Sikep?

“Ngaten.. Tiyang Sikep niku nduwe patokan Adil. Adil Paramarta. Lha sing diwastani adil niku namung werni kalih. Adil punika “Ngadili Awake Dewe”. Nek ora nggeke aja dipangan. Siji! Terus kanggone penganggon, sandhangan. Sandhangan punika kathah werninipun. Nek panganan kathah, nanging rak panganan punika jalure namung setunggal wonten tutuk mriki nggih. Panganan mboh rupa tiwul, mboh rupa ketan, mboh rupa rawon, mboh rupa sop, mboh rupa napa mawon jalure teng mriki. Lha nek sandhangan, kanggene tiyang Sikep nek ora sandhangane hyo aja dienggo. Sandhangan punika macem-macem. Kanggone ndonya niku sandhangan. Kathok niki nggih sandhangan, klambi nggih sandhangan, bojo niku nggih sandhangan, harta benda kekayaan niku nggih sandhangan. Padha mawon kabeh. Dadi kanggone tiyang Sikep, nek ora nggeke aja dipangan, nisbate panganan, rejeki; nisbate sandhangan nek ora sandangane dewe aja dienggo. Niku kelakohane tiyang Sikep, sing kula ngertosi.”

Nek ngenani hubungan kalih masyarakat tiyang Sikep punika pripun?

“Nek masalah hubungan kalih manungsa, kula kinten sami mawon. Contone ngeten, sakmangke nek tiyang Sikep didarani ora gelem hubungan karo manungsa, mangka kiyambake nduwe upamane panen jagung. Panen jagung niki sapa butoh nganggokna niku nggih diparingi. Napa malih kok jagung. Wau rak sampun matur masalah tiyang Sikep punika masalah harta benda punika mboten enten paedahe. Dadi upamane niki bendane hartane kok dijaluk uwong, dikanggokno uwong, niku nggih lega-lila ndonya akherat. Niki ajarane tiyang Sikep! Dadi mboten kok owel niki upama kula nduwe jagung kok dijaluk uwong nganti sekwintal napa sak glangse niki owel mboten. Soale kiyambake nduwe keyakinan wonten ing manahe sedaya wau namung barang titipan. Dados piyambake mboten “gadhah”. Istilahe cara basa Jawa: “Nggadhuh ning mboten gadhah”, “Nganggo ning mboten nduwe”. Sing nduwe? Gusti Kang Maha Agung piyambak!”

“Nggih niku wau saged numusaken ucapan “baguse ati” kalawau. Lha niku “baguse ati” kalawau menawi dipun udari dipun maknani punika maknane sanget kathahipun. Kula kinten nek masalah baguse ati mawon dienggo omong-omongan sewengi niku kiro-kiro ora tutug, mboten saged tutug niku, soale banget kathahe, wong niku mangke kepyake ting ndonya banget akehe.”

Napa sedulur Sikep punika gadhah kitab pedoman?

“Tiyang Sikep niku nduwe buku. Kitab niku buku. Kitab niku rak cara Arab. Nek cara Jawa hya buku. Padane Kitab Al-Qur’anul Karim, buku wacanan sing minulya; padane ngoten niku. Tiyang Sikep niku nduwe buku, jenenge buku Tapel Adam. Buku Tapel Adam niki nek sak Blora niki kira-kira sing ngasta niki tiyang setunggal. Sakmangke duka ting pundi kula mboten ngertos. Lha niki tiap setahun sepindah, sasi Suro tanggal siji niki dibukak, disinaoni bareng-bareng. Lha isinipun kula kinten nggih masalah baguse ati kalawau. Termasuk hubungan kalih manungsa, termasuk hubungan kalih ndonya. Maksude nggih mboten manungsa thok; donya niki rak wonten manungsa, wonten kewan, wonten godhong, kayu, ana Barat, ana angin, ana udan, lha niki tiyang Sikep punika sedaya dipelajari hubungan kalih kalawau. Lha nek cara menterenge sakmangke: melestarikan alam, pelestarian alam. Dadi nek tiyang Sikep niku kula kinten sakderenge negara niku ngenakno pelestarian alam, tiyang Sikep dewe niku wis nduwe. Nanging kok ora dibukak semata-mata kalih masyarakat umum utawi kalih pemerintah, soale kiyambake kanggene sedulur Sikep niku mboten kepengin dipuji wong akeh; mboten kepengin digunggung. Kiyambake kepengin digunggung kalih Gusti, mboten kalih uwong. Nek digunggung uwong mawon akeh tunggale, ngoten. Sing pokok niku digunggung kalih Gusti. Wong nek sampun digunggung Gusti niku paling apik.”

Pripun sikap tiyang Sikep wektu bangsa Indonesia niki dijajah Landha?

“Tiyang Sikep wektu penjajahan punika ngaten.. Piyambake direhaken pemerintahan Landi punika mboten purun, jalaran piyambake ngrumaosi bilih piyambake ingkang kagungan griya. Negari punika dianggep griya. Lha negaripun piyambak berarti griyanipun piyambak. Lha, Landi punika rak tamu, dayoh, kok ngatur sing nduwe omah. Niki mboten purun piyambake! Dados aturan napa mawon sing ditrapake kalih tiyang Landi jaman semanten tiyang Sikep selalu nyangkal, selalu mboten purun nglakoni.”

“Contone, pajak hasil bumi, pajek bumi. Niki nek tiyang Sikep ditarik kalih pak Lurah:

“Heh, kek! Bayar pajek!”
“Pajek apa?”
“Pajek bumi.”
“Lha wong lemah-lemahku dewe, tak garap-garap dewe, kok mbok pajeki.
Emoh, wong iki ora lemahe Landha!””

Nek basa sing diengge tiyang Sikep punika napa nggih, Pak?

“Nek kula kinten basa sami mawon. Soale nggih padha-padha njawane. Sinaosa pahamipun benten, nanging bangsane padha. Dadi nek tiyang Sikep niku mboten ketang nggih sakmangke nek didarani ala, nggih nduwe adat ketimuran. Mboten adat ketimuran timur etan mboten lho, “timur” niku “enom”. Rumangsa nek awake luwih rendah katimbang tiyang sanes kalawau. Dadi nduwe adat ketimuran, dadi rumangsa rendah hati. Lha punika nggih sampun pas kalih pendidikan Islam. Ngoten niku, Islam nggih ngoten. Sami mawon. Basane sami mawon, soale nggih padha-padha njawane.”

“Tapi nggih kadang-kadang wonten sing diarani wong Sikep ora isa basa. Karek ndelok-nelok sing diomongi. Lha nek sing diomongi memang menghargai dia, menghargai piyambake, piyambake nggih tetep ngregani. Mboten kok wani nggegabah, mboten purun, nek tiyang Sikep. Jane nggih saged. Nggih wonten salah sijining manungsa sing mboten dibasani tiyang Sikep blas, jalaran polah tingkahe karo wong Sikep wis ora dinilai manungsa. Mulane piyambake emoh basa. Mboten salah niku! Lha pada umume tiyang-tiyang sing mboten ngertos isi hatine kalawau didarani wong Sikep iku gak isa basa. Saged, sami mawon. Nek kula mastani saged sami mawon. Soale kula piyambak nggih menyelami sedulur Sikep niku kathah. Dadi kula seneng sinau ting ngriku. Soale kula jumbuhaken kalih isen-isen batin kula, kok nggih cocok. Mulane kula nek didarani wong Sikep elek kula mboten oleh. Kok kula nglarang mboten; mangga, terserah, diarani elek hya elek, ning nek ora elek hya ora elek tenan. Nek kula mboten ngarani elek niku.”

Pripun sandang penganggonipun sedulur Sikep punika?

“Sandang penganggo, maksude sandang penganggo gombal (kain) niki ah?”

Enggih..

“Nek masalah sedulur Sikep niku rata-rata nek kula tingali, senengane niku agemane cemeng. Soale piyambake ngakoni nek manungsa ning alam ndonya kuabeh mulai Adam ngantek akhire jaman mbesok niku kabeh ireng, kecuali kanjeng Nabi Muhammad. Sing puteh mok kanjeng Nabi Muhammad thok. Kuabeh iku ireng. Lha, irenge wau, senajan ireng, nanging rak tetep ono putehe. Dadi ngrumangsani nek awakku iki ireng. Isine niku ireng. Lha mulane piyambake niku disimbolna ning pakaiane niku senengane ireng. Dadi mboten ngaku-ngaku nek puteh. Sakniki sing nganggo kethu puteh, jubah puteh, sarunge puteh, ngantek sandal ae puteh, ngoten niku nggih ireng, podho mawon. Putehe mok sithik, kalah karo irenge.”

“Contone sakniki nek mboten percaya nek piyambake niku ireng nggih, nek dulur Sikep wis karuan percaya, wong-wong sing sakliyane Sikep wau sing rumangsa puteh, nek srengenge kethok sampeyan seleh teng panasan, mangke lak ayang-ayange ireng. Niki mbuktekno nek wong-wong kabeh niku ireng. Benten kalih kanjeng Nabi. Nek kanjeng Nabi memang puteh. Sampeyan seleh teng panasan ayang-ayange nggih puteh. Malah ayang-ayange ngelawan kalih sinar, melawan arus sinar. Niki janipun ngelmu rada-rada pingitan. Gandeng iki ana situasi sing ora nyenengna kanggo awak dewe, kepeksa tak bukak.”

“Contone ngeten. Srengenge ko kulon upamane, Kanjeng Nabi jumeneng ting ngriki, niki ayang-ayange ngulon parake, ning puteh. Soale srengenge kalah kalih sinare Kanjeng Nabi wau. Lha nek manungsa sing sakliyane Kanjeng Nabi Muhammad, mboh kanjeng nabi Adama, apa Musa, apa wis nabi kabeh, wali kabeh ah, manungsa kabeh sakdonya iki, kuabeh ireng, nek srengenge seka kulon nggih ayang-ayange ngetan ireng, nek srengenge seka etan nggih ayang-ayange ngulon nggih ireng.”

“Lha nek masalah ageman kalawau, nggih niki wau. Piyambake isi batine rumangsa nek manungsa kabeh niku ireng, mulane diketokno mesisan irenge, ngoten. Wis wani ngetokno ngono lho, wis wani ngetokna jati dirine. Niki kangge tiyang Sikep, nuwun sewu nggih, ngoten, ingkang saged kula aturaken.”

“Iket” punika napa wonten tegesipun?

“Wonten, menawi saking inggil “Iket” nggih. “Iket” niku nek bahasa Indonesiane “ikat”, tali. Dienggo ngiket ati supaya aja nganti kemrungsung, aja nganti serakatan, aja nganti nduwe rakus atine. Terus diiket, ditaleni atine. Wonten sing mestani iket, niki ngiket atine aja nganti rakus masalah duniawi, masalah ndonya. Wonten sing mestani udeng. Lha nek wis nganggo udeng iku kudu mudeng uripe. Lha nek piyantun Sikep ngagem udeng berarti piyambake mpun mudeng uripe. Urip iku kudu piye, kudu eroh sing nduwe urip lan sing gawe urip. Lan urip besok kok ape piye lan besok parake ning ngendi. Niki udeng, ngoten. Lha nek iket namung nggih niki wau, ngiket atine. Supaya aja nganti rakus utawa serakatan sing ora nggeke. Lha rak mpun jumbuh karo ting ngajeng wau. Adile iku aja nganti mangan sing ora panganane, aja nganti nyandang sing ora sandhangane. Mulane diiket. Nek secara simbolis, ngiket sirah, soale sirah diiket niku.. “Lho gene iketane ora ning weteng, Pak?” upamane ngoten. Lha wong napsu niku ting nggone mriki (sirah) kok, nek ati ting mriki (dada). Sing ngajak rakus, sing ngajak serakatan, sing ora nggeke dijumput, sing ora sandangane dienggo iku wau nafsu; nafsu nggone ting pikiran.”

Napa tegesipun “Kathok sing longgar”?

“Lha niki rak anu.. Longgar niki simbolis kelonggarane ati. Terus kathoke kok mesti nutupi dengkul. Jane nek kados kulo ngeten ijeh rodok kliru, ora klambenan, soale ungkep. Kudune rak nganggo klambi. Nek kathoke wis landung berarti nutupi ngaurat. Ngaurat iki perkara sing wajib ditutupi sak lagine ning nggone pasamuan sing ora mahrom ora dulure. Sakmenten teka dengkul. Niki ngaurat, kanggone wong Islam; ngaurate nek wong lanang paling mboten semonten.”

“Nek masalah kombore niki rak wonten pikajengan sanesipun. Nggih niki legane ati kala wau. Dadi atine selalu lega. Ana kedadeyan apa wae lega. Sakniki upamane, nduwe sapi mati, jebret: lega, wong iku wis dipundhut karo Gusti, mboten getun. Mulane suwale digawe lega, ngoten; mboten “swalga” mboten, suwale lega; dadi nek kadang-kadang nek “swalga” kliru.”

Pripun tata-cara upacara nikahanipun sedulur Sikep?

“Nek upacara nikahan punika lak ngaten.. Kha’ ipun nikah punika ingkang wajib nikahaken punika Bapakipun priyantun putri –bapake nganten wedhok. Niki sing nduwe kewajiban nikahno anake wedhok entuk bojo lanang wong liya wau, ngoten. Lha niki nek kanggo sedulur Sikep niku iseh diugemi. Sing nikahno nggih pakane, ora ndadak ngundang Naib. Wong anak-anake dewe kok dinikahno uwong: ora tanggung jawab –karepe piyambake ngoten. Mboten kok melanggar aturan pemerintah mboten. Wong piyambake niku le ngoten niku jaman dereng wonten Departemen Agama. Jaman riyin lak mboten wonten Departemen Agama. Mboten wonten departemen-departemenan ni mboten wonten. Dadi hukume ngijabna anak sing ngijabno anak nggih pakane. Gandeng upamane nek cara sakniki, pakane iki ora isa, apa ora mentolo, wakil kalih Naib. Merga naip niki ditugasno karo pemerintah sing liwat Departemen Agama dikongkon nikahno wong-wong sing butoh nduwe bojo-bojo wau. Jane mboten wonten nggih sah.”

“Contone sakniki nek sing ora wong Sikep nggih, niki nikah siri, sing ora lewat Departemen Agama, ora lewat KUA, ora dicateti karo KUA, ora nduwe buku nikah, tetek mbengek, niki nggih sah, padha mawon. Sah, sing kandha ra sah sinten? Mungguhe Agama sah. Lha nek negara ngarani mboten sah mangga, wong negara niki nggih uwong. Lha nek agama niki rak Gusti sing ngatur, mboten uwong niku, aturane Gusti niku.. Nikah niku aturane Gusti, sing diemot ting nggone kitab Qur’an. Lha milane wong Sikep kalawau, sederek Sikep sing nglakoni nikah kados ngoten kalawau, isih ngugemi aturan jaman kuno. Ngoten, niku jane ngoten..”

Punapa sedulur Sikep arang sing nyekolahke keturunanipun dateng sekolahan pemerintah?

“Punika anu.. Nuwun sewu.. Punika ngliwati unsur sing kathah… Soale ngeten.. Biasane nek sekolah lewat sekolahane pemerintah, terus bocah-bocah niki nek mpun dha pinter kadang-kadang iso ninggal ugemane dewe. Kegawa saka mangro tingal antarane pendidikan umum lan pendidikan kepercayaane wau. Lha nek wis mangro tingal, niku iso ugo sing pendidikan kepercayaan niki ilang, ngaleh ning nggone pendidikan umum. Pramila sederek Sikep mboten purun nyekolahke putrane ting nggene sekolahan umum, kuwatire nek dha ngono kabeh engko Sikep iki iso ilang. Generasi peneruse mboten wonten e. Lha pramila kiyambake nyusun kekuwatan dewe, generasi peneruse dibimbing dewe supaya pikirane kumandel-kandel nek isih nganggo kepercayaan Sikep kalawau.”

“Tur malih nek wis dadi sekolah ning umum, biasane niku kakehan maksiat: maksiyate mripat, maksiyate ati, maksiyate cangkem, maksiyate kuping. Mergi nek sampun awor wong akeh ting nggene sekolahan umum niki macem-macem sing didelok, macem-macem sing dirungokna. Lha napa malih cara sakniki, sekolah niki mok dienggo lamis samudana, sing penting pacaran. Lha niki pacaran niki mangka dosa. Dosa pacaran niku! Wong pandeng-pandengan karo wong wedhok sing ora mahrome kuwi wis dosa kok. Soale nek wong lanang nek mandheng wong wedhok sing rupane apik mesti tembuse ning syahwat. Lha niki dosa, ngoten. Lha mandhenga nek ora tembus syahwat ora dah-deh. Ning nek lumrahe wong lanang nek akale sehat jasmanine sehat, tuk! Podho mawon, ngoten. Kok muni ora tuh, goroh. Lha wong kula dewe nggih wong lanang. Tapi senajana ngoten nek iso mbatesi iso ngendaleni atine sing diiket kalawau kula kinten mboten nganti terjerumus ting nggene jurang kasangsaran, ngoten. Termasuk jurang kasangsaran, sing ora bojone dinikah terus dikumpuli. Urung dinikah upamane nggih. Napa malih kok pacaran mawon, sebatas pacaran. Kadang-kadang cah lanang pacaran nganti papat. Dikumpuli kabeh, lha meteng kabeh, dirontokke, digugurke, diaborsi kabeh. Lha gak dosa thok niku! Mateni bibit, wis awake dewe dosa, lho, dosa rangkep tumpuk-tumpuk niku! Mulane tiyang Sikep mboten purun, kuwatire nggih dugi mriku kalawau. Niki nek penilaian kula lho, nuwun sewu lho niki. Penilaian kula ngoten..”

“Trus malih piyambake ora seneng dadi pejabat. Ora seneng dadi pejabat. Nek pinter kadang-kadang isa dadi pejabat. Isa-isa dadi pegawai sing mregawe sing sakliyane tani. Mangka nek kanggone wong Sikep, mregawe sing paling apik, sing gampang dihalalna, sing gampang diadilna, nek ora nggeke ora diemplok wau: tani. Pramila nek jenengan pirsani tiyang Sikep rata-rata pada umume niku lak tani, sing dagang mboten wonten; arang ah, upama dagangno hyo Sikepe wis ora seratus persen. Biasane ngoten, nuwun sewu niki.”

“Lha sokur nek sakniki wis cara modern, dagang nanging sikepe ijeh bakoh, atine ijeh keker, sokur, maturnuwun, soale wis ana kemajuan. Nek tiyang Sikep asline lak mboten purun maju; ora kudu maju. Ning senajana ngana nyatane uripe nggih kepenak-kepenak. Jenengan tumok wong Sikep kesrakat uripe? Sesuk ape adang ora nduwe lebon. Ora tumok! Soale pasrahe karo Gusti tenanan. “Wis pokoke aku iki urip iki ana sing nguripna, “ana sing nyuwek hyo ana sing ngekek”.” Ndelalah ngoten niki nggih dho nggenah-nggenah uripe. Jenengan ndak pirsa leh wong Sikep sing kesrakat nemen ngono lak ora ana. Ijeh nduwe tegal, ijeh nduwe sawah, ngono elah ijeh nduwe sapi. Ning ndeke ditakoni sapine sapa? “Ora sapiku, aku ora nduwe”.” Mboten ngarah ngaku kiyambake. Niku nggih, parake nggih niku wau, ““Nggadhuh ning ora nggadhah”, barang titipan,” mangke rak ngoten jawabe..”

Pripun mungguhe njenengan ngenani anggepan sebagian masyarakat nek tiyang Sikep punika mboten gadhah agama?

“Anggepan kados kalawau klentu. Soale ngeten.. Sing didarani agama niku napa? Saka tembung Jawa: “Ageman”. Ageman punika penganggon, sandangan –ning sandangane ati. Agama niku sandhangan –ning sandhangane ati. Sapa ngerti sandangane ati, wong ati ning njero nggone. Sampeyan bedhel hyo ora ketok. Wong niku wujudaken keyakinan.”

“Nek didarani ora nduwe agama –ning biasane piyambake didarani ora nduwe agama nggih nrima, mboten purun padu, mboten purun debat— tapi beragama. Wau sampun kula aturake bilih tiyang Sikep punika agamane nggih Islam, padha, nanging wau rak sampun kula aturaken, bilih ngelmu ngalam ndonya sing ditinggal kalih kanjeng Nabi wau sekawan: syare’at, tarekat, hakekat, makrifat. Nah, kiyambake namung mendet Makrifate sarasan. Niki ngelmune Kanjeng nabi Muhammad, padha mawon. Ingkang dipendet piyambake namung Makrifat. Sing kena kanggo hubungan antarane manungsa kalih Gusti. Nek cara santrine “hablumminalloh”, hubungan marang Gusti Allah. Nek santri muni “Alloh”, ngoten, nek kula ora santri hya “Allah”, “Gusti Allah”. Padha mawon niku jane. Kula muni “Alloh” nek mok cangkeme thok nggih ngopo, ngoten..”

“Nek kula ngoten, tetep nduwe agama. Wong nek mboten nduwe agama ora nduwe patokan kok. Sak kudune, wong kaya kewan! Jenengan pirsa nek pithik niku, bojone sapa wae rak dikumpuli. Iku gak nduwe agama. Lha wong nek nduwe agama mboten, hya emoh eh! Lha wong-wong sing ngoten niku nuwun sewu. Sing jarene unine KTP-ne didelok Islam tapi kok mafia, hyo emboh iku, huwallahu’alam, Gusti Allah dewe sing mirsani, kula mboten purun ngoten niku, gak eroh, urusane Gusti Allah niku mpun.. Contone niku.. Nduwe.. Thek mboten nduwe napa’a. Nggih agama.. agamane nggih Islam, tapi ogak gelem ngetok-ngetokno, aku iki wong Islam sing tarekoh, sing makrifat, mboten purun piyambake. Cen hyo nduwe tekon nek ora gelem digunggung uwong. Digunggung: “Walah.. si A kae lho apik.. ngene-ngene..” Mboten purun.. “Wis lah sakdadine lah, sing penting Gusti Allah ngarani apik lak wis.” Mpun, dadi, pokoke nggih mung niku thok. Paribasane upamane suwale amoh lah, “Hyo wis ben ra pa-pa wong nduweku amoh,” ngoten. Ora kepengin ndang nganggo gage-gage nganyari mergo tanggane nganyari, mboten. “Pancen nduweku iki e, Gusti Allah nek maringi lagek iki.” Piyambake biasane mboten muni “Gusti Allah”, ngoten, “Gusti”. Gusti agek maringi ngene. Panci nek ngendikan biasane nek masalah niku mboten dicethakno “Gusti Allah”. Biasane, nuwun sewu, nek wonten sing langsung cetha nggih nyumanggakaken..”

Wektu riyin jaman Orde Baru kenging punapa sedulur Sikep kok dituduh komunis?

“Ngaten.. Niku wonten sing sedulur Sikep ditunggangi wong komunis.. Soale dianggep sedulur Sikep dianggep nduwe kekuatan ghoib sing luar biasa, trus wong komunis niku kepengin nduwe bala. Gandeng tiyang Sikep sing urung patek khosh niku ditunggangi wong komunis dienggo bala. Padahal piyambake niku ora kenal politik babar pisan. Jane ora gelem, nanging diiming-imingi wong komunis. Lha terus sing ngurusi pemerintah nalika niku dianggep niku komunis. Padahal wong Sikep ora kabeh. Lha niku terus digebuk rampak, kabeh wong Sikep dianggep komunis, padahal mboten. Mboten, mboten nduwe politik, maksudku gak gelem berpolitik, endak mau berpolitik.”

“Soale ngoten, wonten sing daerah mriki, daerah Randublatung, unine wong Sikep, tapi kula kinten dereng patosa pana babagan ngelmune. Niku diiming-imingi wong komunis dikongkon garap lemah alas, “iku nggok-nggokem dewe,” dadine piyambake manut terus nggarap lemah alas. Sing kira-kira kenek disawah hyo disawah, “jare nggek-nggeke dewe.”. Niki rak saking bujukane tiyang komunis kalawau, karepe dienggo bala. Terus komunis meletus, komunis dibeku, tiyang Sikep katut. Niki nggih sa’akene tiyang Sikep wau, sing ora ngerti tentang timbule masalah melok dadi aram. Asline ngoten.”

“Nek sing Sikep sing wis khos mboten purun, nyatane nggih taksih ngantos sakpriki. Nalika semonten nggih kliwatan. Lha sing mboten patosa ngertos kalawau nggih susah. Kathah niku nalika jaman semonten, kula ngertos dewe, alas niku kathah sing disawah, ditegal, diengge desa. Nalika jaman sakdurunge ’65, sekitar ’62nan, mulai mlebu niku. Lha mangka wong Sikep niku rata-rata omahe anding alas-alas, lha lak erek ngeten. Nggih ditunggangi wong komunis kalawau. Panci komunis niku hyo wis carane wong golek bala pripun nggih akale ngoten niku wau, sing ora-ora jalure ditekakna. Jaman semonten, ngertos kula, kira-kira ngoten. Wong niku nggih, jaman ‘65 niku kula nggih isih bocah kok. Hyo mek situasine rada eroh ngoten lho, rada ngerti sithik-sithik, dadi cara akal kula nggih dereng kados sakmangke, iseh akal bocah, nanging ngerti lah situasine.”

Jenengan napa wonten cerita sedulur Sikep ting Blora, Pak?

“Wonten, pengaranipun Jaki, saking Desa Kembang, Kecamatan Bogorejo. Punika rak ndamel griya. Griya wau asal sangking kajeng Jati, angsale mendhet king wana. Lha wana niki nggih nggeke Perhutani. Gandeng kiyambake niku butoh omah mek nggeke Perhutani digawe omah. Pihak Perhutani rumangsa nek kayune iku dijupuk piyambake rak nggoleki, cara menterenge operasi.”

“Diukuri, gedhene pira, dawane pira, metu pirang kibik omah siji niki. Trus kiyambake diken cap jempol ting nggene buku verbalan Perhutani wau, mboten purun. Jawabe ngeten:

“Wong iku buku-bukuem dewe hya jempolen dewe kana.
Nek aku butoh cap jempol lak ning bukuku dewe.”
“Lha kowe nduwe buku?”
“Nduwe.”
“Bukuem endi?”

Lha niku ndudingi bojone.

“Iku bukuku. Aku nek cap jempol ning kana.”

“Lha wong omahem iki kayu jati.”
“Kowe kok isa ngarani kayu jati iku buktine apa?
Godhonge wis ora ana, gelame hya ora ana, kowe kok ngarani kayu jati?”
“Lha wong kethok nek abang ngana e.”
“Perkara abang, kayu sing liyane jati sing abang hya akeh.
Mahoni hya abang, kayu Pucung iku hya abang, kayu Planding iku nek garing hya abang.”
“Lha iki, omahem iki rak anyar, eh?”
“Kowe kok isa ngarani anyar?”
“Lha abang ngono e..”
“Jajal omahe wong-uwong iku lho, sing wis dha ora abang iku bacok, kerok utawa mbok bacoki, engko rak abang. Padha ae, iku hya anyar ndek anu. Biyen hya anyar, ora ana mara-mara kawak iku gak ana.”

Lha trus akhire pihak Perhutani wau wangsul, mara teng Lurah. Piyambake ditimbali Perhutani saking kelurahan mboten purun, trus diparani Bayan.

“Kang Jaki, kowe ditimbali Pak Mantri, kon ning Pak Lurah.”
“Emoh, wong aku ora wonge mantri kok.”

Bayan balik. “Wis saiki ngene wae, kondho nek ditimbali Pak Lurah.”

“Hya nek Pak Lurah sing nimbali, wong aku iki wong rakyate Lurah.”

Kiyambake budhal. Lha dugi mriku ajeng didenda.

“Piye Kang, iku omahem anyar, saiki kowe tak denda ya?”
“Denda iku apa?”
“Kuwe kudu mbayar duwik.”

Jaman semonten duka Rp. 1.000 napa Rp 1.500 ngoten lho. Niku mpun kathah. Rp. 1.500 niku mpun kathah. Cara sakniki nggih Rp.10 juta.

“Hya aku ora isa, soale aku ora iso gawe duwik. Cara aku isa nggawe duwik aja maneh kok 1.500, kowe 10 juta tak ke’i.. nek aku isa gawe duwik. Lha wong aku ora isa gawe duwik, olehku duwik ko endi?”
“Lha timbangane ngana hya kowe tak gawa ning Sorogo.”
“Iyo wis lah, gawa ning Sorogo hya gelem. Ja maneh Sorogo, saiki mbok gawa ning Jakarta hya gelem. Nanging aku mbok tumpakna montor aku mabuk, mbok kon mlaku aku kesel, gak kelar. Aku kudu mbok gendong. Mbok gendhong teka kene nganti tekan Sorogo. Engko nek lesu hya njaluk mangan, ketelak hya njaluk ngombe.”

Terus akhire batal. Nggih batal niku, batal, dihapus, Perhutani mboten saged mutusi.”

Jenengan ngertos ceritane Mbah Engkrek saking Klopoduwur?

“Nek masalah Mbah Engkrek, punika jaman Landhi punika piyambake dados panglima perang melawan Belanda, melawan Landhi. Nalika niku sing dados panglima sangking daerah Blora mriki Mbah Engkrek –tiyang Sikep Klopodhuwur, trus Mbah Kaji Nandhori –saking Gusten, Jepangrejo. Lha nalika niku disraya kalih pemerintah, nek kula tingali mboten pemerintah daerah kabupaten, malah pemerintah daerah propinsi, soale saking kabupaten Blora malah ting nggene Genuk, Semarang. Nalika niku rak perjurit Indonesia niku manggene teng Kecamatan Genuk kalawau. Lha niku badhe diserang Landha. Lha ingkang mandhegani semanten Mbah Engkrek kalih Mbah Kyai Nandhori wau. Nalika semonten Landhi niku mboten saged ningali kutha Genuk kalawau jalaran saking kekuwatan ghoibe Mbah Engkrek kalih Mbah Nandhori kalawau. Ditingali ketingal wana. Janipun kudune dibom. Gandeng teng ngriku wonten Mbah Engkrek, niku dicipta dadi alas. Dadi Landha ndelok Genuk niku kethoke alas gerotan. Lha nek alas dibom lak bom e sia-sia. Trus mboten siyos.”

Nek kados makaten lakonipun, napa sedulur-sedulur niku saged diarani pejuang?

“Nggih, pejuang, memang pejuang! Nalika jaman semonten, pejuang. Lha niku nyelametna tentara sak Jawa Tengah e. Wong loro thok! Kekuatan ghoibe wong loro, antarane siji Kyai Nandhori lan siji Mbah Engkrek. Tanpa kekuwatan ghoib wong loro niku mau tentara sing nglumpuk teng Genuk sak rakyat Genuk rak entek. Wong kapal terbange wis ngubengi, karek pluk, gak sido, soale kethok alas.”

Nek sakmangke, kinten-kinten napa taksih wonten tradisi sing ditindakke sedulur Sikep?

“Lha.. wonten. Ning ngeten carane.. Sakniki upama nggih, dulur Sikep niki nduwe anak dadi manten. Mantu lah, istilahe. Nek cara riyin, nek cara sakmangke duka. Wong sakniki perubahan akeh soale kegawa sangka arus ndonya. Cara riyin tiyang Sikep nek nduwe gawe, dulur-dulur Sikep dikuandani kabeh, ”Suk dina iki, upamane suk dina Senen iki ponakanem ape dadi nganten, kowe kudune tunggoni.” Teka nggih teka, mara teka mangan. Mboten thik gawa duwit napa gawa apa nggih mboten. Teka nggih mangan: wong dikongkon nunggoni, rak ora dikongkon buwoh. Istilah buwoh niku mboten wonten kiyambake, nek nyumbang wonten. Nek nyumbang rak rupa panganan — apa rupa beras, apa gedhang, apa panganan liyane, opo gemblong. Lha niku nek sedulur Sikep ngoten niku, aturan upacarane pernikahan napa khitanan. Mboten thik kok kados tiyang-tiyang sanese, diundangi dikon buwoh. Sakgeleme.. nek disumbang gelem. “Wong kowe isa gawe duwik piye, kok ngeke’i duwik aku?” Lha nek “nyumbang” beras rak nandur. Ora isa gawe rak iso nandur, ngoten lho. Istilahe piyambake ngoten. Lha ngoten niku nek didarani elek nggih sing ngarani sing kliru! Lha kowe orao nyumbang nek mara rana hya dikei mangan nik. Nek ana sega hya tetep dike’i mangan. Mboten ngarah diundamana thik “Akale ngene, mangan thok ora nyumbang!” mboten ngarah! Wis diwenehna hya lega..”

Punapa kok sedulur Sikep ngarani “Mati” punika“Salin Sandhangan”?

“Nek masalah “mati”, “salin sandhangan” niku rak ngaten.. Manungsa niku nduwe sing didarani nyawa. Lha, nyawa niku nduwe sandhangan, raga. Lha nyawane wis ora krasan, wis bosen nganggo sandhangane, iki rak dicoplok ditinggal. Kuwi jenenge wis sowan ning kasedan jati. Nggih niki sing didarani hubungan karo Gusti. Mulai urip iso hubungan kalih Gusti nganti akhir jamane ragane diselehke isih hubungan karo Gusti. Parake ning ngendi urip. Niki sekedhik nyuplik kawruh tuwa. Niki wau rak kula muni nyawa, ning kula sampeyan niki nduwe urip. Mboten urip iso obah niki mboten. Sing jenenge urip ting njero niki. Dadi uripe iki ora mati. Dadi sederek Sikep rak “Piye Kang Kokok, kowe shalat?” Wong Sikep niku aja maneh melek, turu wae shalat. Bener niki! Dadi selagine uripe ijeh kanthil ning nggone raga, ijek shalat terus. Niki nek kula niku wonten, tapi nuwun sewu, nyuwun pangapunten, mboten wantun nerangaken, namung tak aturi pirsa jengene thok; jengene syahadat Tapel Adam. Kula wani nerangno nek mirunggan dewe, tur malih jenengan wis kira-kira mantep donya-akherat nek kepengin ngerti. Nek mok sebatas dienggo pengalaman mboten usah mboten ngapunten. Napa malih kok ana Mbak Asih, gak usah, tak cethakno gak usah, tur maneh wektune kudu milih wektu, mboten angger sak sedengah wektu-sedengah enggon, gak oleh. Nggih niki wau jengene syahadat Tapel Adam. Teng ngriku wau sing kados ngendikane tiyang Sikep sing masalah “Salin sandhangan”. Leres niku! Sami, kula nggih ngoten. Urip niku wau! Cara manuke nggih, kurungane wis rusak, manuke wis moh manggon –brosot! Kurungane ditinggal. Lha manuke hyo wis balik neng nggone zamane, ngoten. Ana paribasan manungsa urip niku rak “leren ngombe”, ngoten. Dadi mlaku leren ngombe.. ning ndonya iki leren ngombe. Besuk kira-kira mbalik ning zaman akhire eneh. Mboten kok, ning ndonya mati wis, pangan rayap, wis ora ana ceritane eneh, mboten. Kula kinten tiyang Sikep nggih ngaten. Napa panjenengan sampun nate dipun ceritani masalah niku, monggo. Nek cocok maturnuwun, nek mboten cocok nyuwun pangapunten. Soale pahamipun wong dewe-dewe, kadang dewe. Nek paham kula memang ngoten. Punika rak nek tiyang Sikep mestine rak nek wis mendetail, jenengan nyuwun pirsa sakmangke pas mirunggan: “Lha trus nek balik aku melok sapa, Kang?” Ngoten kudune.. “Aku parakku ning ngendi trus sing tak nut sapa?” Ngoten, dadi piyambake ngertos. Mangke sak.. Wong ancen bibite hya padha. Kaceke rak kono ngangge sandangan ireng aku lorek-lorek. Nggih… padha bibite niku. Piyambake nganggone ireng kula lorek-lorek. Kula seneng lorek-lorek pancen ok, dadi luwes. Aku awor wong Islam, e, wong santri hyo ora kethok santrine, lho nuwun sewu lho, nek awor wong Sikep ora kethok Sikepe.”

Nek ting Blora punika dateng pundi mondokane sedulur-sedulur Sikep, Pak?

“Daerah Blora nggih… sing sak kula ngertosi niku.. Bapangan, Kemantren, Plosodiren, Tanduran.. Sanese malah wis kerem. Kados Kembang, Bogorejo niku kerem, Jejeruk kerem. Trus wonten sitok –duka loro niku ting Belik, lore Blora. Sithok maksude sakeluarga –napa rong keluarga, kirang paham, ning taksih wonten ting Belik.”

Jenengan wonten cerita ngenani sedulur Sikep ting Blora?

“Suatu contoh wong Mbelik. Wong Mbelik niku ape ewoh, mantu. Lha niki kira-kira niki nanggap wayang. Adol sapi, dhel, siji! Dituku bakul. Ogak dibayar! Uwis gak diurus, “wong ora nggekku, nggeke wong iku mau”. Adol eneh, ping pindho, gak dibayar meneh. Adol eneh ping telu, agek dibayar! Sing loro muspra, hya wis ora diangen-angen. Niki contoh tiyang Sikep! Lho, cobi njenengan galih niku, sing ngarani elek sapa kira-kira? Iso nglakoni koyo ngono? Mboten ngarah saged, sanese tiyang Sikep ora isa. Ora kudu ngurus. Sapi telu, sing berhasil siji thok sing terakhir niku –bakule wis ganti menawa iki. Soale nanggap wayang dalange Jipang mriki, lha Dalange niku cerita kalih kula ngeten:

“Aku iku anu, Lang, adol sapi ngantek ping telu..”
“Lho, akeh emen eh, Mbah?”
“Lha sing sepisanan ora dibayar e, Lang..”
“Gak mbok takokna?”
“Ogak, wong ora nggeku wis.”
“Pindonan hya ora dibayar.”
“Gak mbok takokna eneh?”
“Hya ogak, wong wis ora nggekku. Nek nggeku rak dibayar.
Aku adol eneh, Lang, wong timbang ijeh nduwe sapi.”
“Lha nek wis ora nduwe sapi, Mbah?”
“Hya ora sido ewoh eh, wong wis ra nduwe biaya, hya wis diijabna ngono ae.
Pamane wis ora nduwe sapi. Wis ora nggekku kok mbok kon nakokna.
Nyatane, nek nggekku lak mesti dibalekno rene.
Mbok kon ngurus nggopo e’, kok demen kesel.”

“Conto.. niki Tiyang Sikep!””

Punapa tiyang Sikep mboten purun milara tiyang sanesipun?

“Piyambake niku nek sak ngertos kula mboten kudu milara panguripan apa wae. Napa malih kok jenenge manungsa padha manungsane. “Mbacok uwong padha karo mbacok awake dewe”. Soale kono hya anak Adam aku anak Adam e, lak sami-sami. Wong piyambake niku tresnane karo uwong liya niku padha karo tresnane awake dewe. Mulane nggih pripun.. angel nek dikira-kira. Ditiru hya angel lah, ditebak nggih angel niku, wong ora muni. Nuwun sewu niki. Lha nek kula rak ditakoki ngeten niki, dadine hyo muni. Lha nek kula ditakoni ora njawab nggih dosa.”

Napa artosipun “Ana tulis tanpa papan”?

“Nggih, niku rak pangertosan sing ora dimuat teng nggene buku. Nek saking kula ngoten. Contone, ngelmu sing ora dimuat teng nggone buku. Lha, muate bukune teng mriki (akal pikiran). Terus mangke nek mpun paham saking mriki (akal pikiran) mandap teng mriki (manah), lha niki dadi bundhelane ati. Nek mpun teng ati lak ora iso lali. Nek teng akal lali iseh. Soale kadang-kadang bar diulang, maeng hya ngerti isa, keri-keri metu teka sekolahan, jebret, ana cah ayu, tinggal nggodha cah ayu, ilang mpun –pelajaran sing diangen-angen ting ngriki iku ilang mpun. Lha niki nek urung mapan neng nggone ati. Lha nek cara Islame niku “Ngelmu iku panggonane ting ati, ora ning dluwang”. “Ana tulis tanpa papan”. Papane teng pundi? Lha wong papane teng ati masa ngertos? Sampeyan osak-asik ora kenek. Sampeyan check ora kenek. Saiki mongko atine dibedhel, dibukak ana tulisane? Hya ora ana! Wong tulisane ana ning nggone angen-angenan, ning nggone batin sing hubungan antarane akal kalih ati kalawau. Niki rak, nalika sampeyan diulang upamane, ngelmu apa ae, ngelmu umum kek, ngelmu agama kek, terserah, niki jenengan rak mirengaken, terus mirsani. Lha niki otomatis, kuping ngerti lapor ning nggone akal, akal mikir. Lha nek akal wis paham, ati nrima, nampani. Ditulis ning nggone ati mriki. Sing nulis mriki (akal pikiran), nulise ting ngriki (manah). Dadi mulane akal kalih ati punika beda, ning seiring sejalan, nek masalah kesaenan lho niki. Ning nek masalah awon, kula kinten ati sekaligus menolak. Conto, upamane, kula niki bakul sepeda. Sepeda nek kula kulak niki sampun cetha nek poklek. Tak labur nganggo semir apa nganggo oli bekas sing aja nganti cokleke ketara. Kula gawa ting pasar, jebret, tak tawakna: “Sepeda, Mas, murah, Mas.” Didelok. “Mboten putung kok,” lesan muni krana diprentahi akal. “Ora-ora putung kok, Mas, ora ciri kok.” Ning ati tetep muni: “Ciri. Ciri puklek mau tak labur nganggo oli utawa nganggo semir”. Jenengan rasakke ah engko rak ngono. Ati tetep muni: “Ciri.” “Ora kok Mas, ora ciri kok,” cangkem niku munine perkara akal niki mau. Ning ati muni: “Ciri kok, poklek, poklek thel wis kok.” Lha sing akal: “Muga-muga ra eroh mana, gen payu larang..” Contone ngono. Niku nek masalah elek ati selalu nolak. Ning nek kalah karo nafsu, atine hya ngenter eh, “Wis ben kana, ora eroh uwong.” Niki ati –antarane ati kalih akal wau.”

Napa “Angger-angger pertikel” niku, Pak?

“Nggih ajaran teng nggene ajaran “baguse ati” kalawau. Mau rak mpun kula aturi ngajeng, contone ana wong ndarani ala niku gak kena, ngoten. Niku jenenge drengki, dadi elek-elek liyan ngoten niku. Dahpen, kemeren. Kemeren niku nek kancane nduwe gela. Dahpen niku nek tanggane nduwe dieron-eroni. Padhane “Wong iku sapine kok akeh emen, tak obatane ben mati. Wong iku karo bojone kok rukun emen, bojone tak bedane ben ora rukun.” Iku kabeh ora oleh! Lak angil; tumrape wong sing urung isa nglakoni angel.”

Kinten-kinten nek saumpami ajaran lan lakunipun sedulur Sikep punika dingerteni lan diwujudke sedaya tiyang teng ndonya punika pripun?

“Kula kinten nek ndonya niku isine ngoten kabeh, ora ana wong perang bedil-bedilan. Pulisi nganggur. Kula kinten lho niki. Cobi jenengan galih nggih, nek uwong isine ngoten kabeh. “Nek ora nggeke aja dipangan cah. Upamane aku dadi guru, bayaranku pira, tak pangan sesasi wis cukup, hya wis ora mangan liyane, hya wis iku, ora golek liyane, ora srakatan marik-marik”. Lho, rak ora ana masalah dadi urusan pulisi rak mboten wonten. Rak aman ndonya kira-kira. Lho, ngoten nek didarani wong Sikep elek, sapa oleh? Nek ngertos, kula mboten oleh ngoten niku. Iso koyok wong Sikep kabeh, ndonya aman tentrem, mboten wonten napa-napa. Ora ana grayah, ora ana begal, ora ana maling –ora ana wong demenan.. Ngoten… nggih ngoten wau.”

Laporan: Eko Arifianto

Komentar

Tinggalkan Balasan

News Feed